Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

Mbagi Undangan Kebaktian

Mbagi Undangan Kebaktian

Saben taun, awaké dhéwé nunggu-nunggu piwulang Alkitab ing kebaktian gabungan wilayah. Bèn liyané isa mèlu ngrasakké berkahé Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngundang sak akèh-akèhé wong teka ing kebaktian. (Ms 34:9) Para pinituwa ing jemaat isa ngrembug piyé cara sing cocog kanggo mbagi undangan.

SING PERLU DIPIKIRKÉ

  • Kapan kebaktiané?

  • Kapan mulai mbagi undangan?

  • Pakumpulan sakdurungé nginjil dina apa waé?

  • Apa waé rencanaku wektu mbagi undangan?

  • Sapa waé sing arep tak undang?

CARANÉ MBAGI UNDANGAN

Sakwisé kulanuwun, panjenengan isa kandha:

”Aku lan kanca-kancaku seneng mbagi undangan kanggo acara sing penting. Wektu, tanggal, lan panggonané ana ing undangan iki. Mangga panjenengan teka.”

MBANTU SING TANGGEPANÉ APIK

Senajan péngin ngundang sak akèh-akèhé wong bèn teka ing kebaktian, awaké dhéwé uga kudu mbantu sing tanggepané apik.

Ing dina Setu-Minggu, panjenengan isa nawakké buku Kabar Apik lan undangan.