Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | AYUB 33-37

Kanca Sejati Ngekèki Wejangan sing Nggedhèkké Ati

Kanca Sejati Ngekèki Wejangan sing Nggedhèkké Ati

Wektu Élihu mèlu ngomong, isi lan carané ngekèki wejangan béda banget karo Élifas, Bildad, lan Zofar. Élihu mbuktèkké dadi kanca sing sejati lan wejangané nggedhèkké atiné Ayub. Kuwi sing kudu ditiru.

WONG SING WEJANGANÉ NGGEDHÈKKÉ ATI NDUWÉ SIPAT

ÉLIHU DADI TULADHA SING APIK

32:4-7, 11, 12; 33:1

 

  • SABAR

  • GATÈKAN

  • NGAJÈNI WONG

 
  • Sakdurungé mèlu ngomong, Élihu sabar ngrungokké nganti wong sing luwih tuwa rampung ngomong

  • Sakdurungé ngekèki wejangan, Élihu tenanan ngrungokké bèn isa luwih ngerti masalahé

  • Élihu ngobrol akrab karo Ayub lan nyebut jenengé Ayub

 

33:6, 7, 32

 

  • ANDHAP ASOR

  • GRAPYAK

  • TEPA SLIRA

 
  • Élihu andhap asor, apikan, lan ngrumangsani nèk dhèwèké ora sampurna

  • Élihu mèlu ngrasakké susahé Ayub

 

33:24, 25; 35:2, 5

 

  • ORA KAKU

  • APIKAN

  • MANUT GUSTI ALLAH

 
  • Nganggo cara sing apik, Élihu nduduhké nèk pikirané Ayub ora bener

  • Élihu mbantu Ayub ngerti nèk rumangsa bener kuwi, dudu sing paling penting dipikirké

  • Wejangané Élihu mbantu Ayub nampa tuntunané Yéhuwah sakbanjuré