Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Cara sing Cocog kanggo Ngajak Ngomong

Cara sing Cocog kanggo Ngajak Ngomong

Mulai 2013, bentuk lan susunané selebaran kabèh padha. Pitakonan lan pilihan jawaban ing kaca ngarep selebaran isa dinggo mbantu awaké dhéwé ngajak ngomong bab isiné Alkitab. Sing dikabari ora perlu kuwatir nèk jawabané salah. Ing njeroné selebaran, ana ayat sing isa njawab pitakonan ing kaca ngarep. Uga ana bab-bab penting liyané sing isa dirembug.

Kadhang kala, rembugan Alkitab nganggo selebaran isa nggawé sing dikabari gelem sinau Alkitab. Gunakna cara iki kanggo mbantu wong-wong sing péngin ngerti isiné Alkitab.Mt 5:6.

CARANÉ NGGUNAKKÉ:

  1. Takonana sing dikabari bab pitakonan ing kaca ngarep

  2. Rungokna lan ajènana tanggepané

  3. Wacakna ayat ing njeroné selebaran lan takonana piyé tanggepané. Nèk dhèwèké isih ana wektu, terusna rembugané nggunakké ”Apa Kita Bisa Percaya Kandhané Alkitab?”

  4. Tawakna selebarané

  5. Gawéa janji mara manèh lan terusna rembugané nganggo buku Kabar Apik!