Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Nampa Tamu kanthi Grapyak

Nampa Tamu kanthi Grapyak

Sapa waé sing ditampa? Kabèh sing teka ing pakumpulan ibadah, yaiku sing lagi teka ping pisan utawa sing wis suwé ora ketemu. (Rm 15:7; Ib 13:2) Kuwi uga klebu sedulur seiman saka negara liya utawa sedulur sing wis suwé ora teka ing pakumpulan ibadah. Nèk panjenengan ngalami kahanan kaya ngono, mesthi panjenengan seneng banget nèk disambut kanthi grapyak. (Mt 7:12) Mula, sakdurungé lan sakwisé acara, kita isa ngupaya kanggo nyalami wong-wong sing teka ing Balé Ibadah. Kuwi isa nggawé kahanan dadi kepénak lan nyenengké sarta ngluhurké Yéhuwah. (Mt 5:16) Pancèn, ora mungkin isa omong-omongan karo saben wong sing teka. Ning, kabèh wong isa rumangsa disambut nèk awaké dhéwé nampa kanthi grapyak. *

Nampa tamu kanthi grapyak kuwi isa ditindakké kapan waé, ora mung wektu ana acara kusus, kaya acara Pèngetan. Wong sing lagi teka ping pisan isa dadi kepéngin ngabdi lan ngluhurké Yéhuwah, nèk rumangsa disambut lan ditresnani ing jemaat Kristen.Yo 13:35.

^ par. 3 Nurut Alkitab, kita ora éntuk srawung karo sing dipecat utawa sing nyangkal imané, sing mbokmenawa teka ing pakumpulan ibadah.1Kr 5:11; 2Yo 10.