Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Terus Ngupaya Éntuk Pendidikan sing Paling Apik

Terus Ngupaya Éntuk Pendidikan sing Paling Apik

PENTING MERGA: Yéhuwah nyedhiakké pendidikan sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah mulang carané bèn awaké dhéwé isa urip kepénak lan nduwé harapan ing masa depan. Awaké dhéwé ora perlu mbayar kanggo kuwi kabèh. (Yé 11:6-9; 30:20, 21; Why 22:17) Yéhuwah ya nyedhiakké pendidikan kuwi bèn awaké dhéwé isa luwih trampil martakké kabar apik.​—2Kor 3:5.

CARANÉ:

  • Ngupayakké sipat rendah hati lan lembut.​—Ms 25:8, 9

  • Nampa pelatihan sing disedhiakké Yéhuwah, contoné nampa tugas siswa ing perhimpunan tengah pekan

  • Netepké cita-cita rohani.​—Flp 3:13

  • Gelem nggawé pengorbanan bèn isa terus dilatih Yéhuwah.​—Flp 3:8

DELOKEN VIDEO BERKAH LIMPAH SAKA PENDHIDHIKANÉ YÉHUWAH, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Tantangan apa sing diadhepi para sedulur sing mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah?

  • Apa pelatihan sing disedhiakké ing Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah?

  • Piyé carané sedulur-sedulur ing jemaat isa mbantu lulusan sekolah kuwi ing penugasané sing anyar?

  • Apa syaraté mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah? (kr 189)

  • Pelatihan apa manèh sing péngin njenengan upayakké ing organisasiné Yéhuwah?

Berkah-berkah apa sing bakal njenengan tampa nèk ngupayakké pendidikan saka Yéhuwah?