Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 32-33

Apa Njenengan Ngupaya Tenanan Bèn Éntuk Berkah?

Apa Njenengan Ngupaya Tenanan Bèn Éntuk Berkah?

32:24-28

Bèn isa éntuk berkah saka Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan ngutamakké Kratoné Allah. (1Kor 9:26, 27) Wektu nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nduwé semangat kaya Yakub pas lagi gelut karo malaékat. Awaké dhéwé nduduhké nèk péngin éntuk berkah saka Yéhuwah wektu . . .

  • Persiapan tenanan kanggo perhimpunan

  • Rajin nginjil

  • Ngupaya sak isa-isané mbantu kabèh wong ing jemaat

Ora soal keadaané kaya apa, terusa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah lan ngupayaa tenanan nglayani Yéhuwah bèn éntuk berkah.

PIKIRNA, ’Apa manèh sing isa tak upayakké bèn éntuk berkah saka Yéhuwah?’