Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Apa sing Paling Penting kanggo Aku?

Apa sing Paling Penting kanggo Aku?

Yakub gelut karo malaékat bèn éntuk berkah saka Yéhuwah. (Pd 32:24-31; Hs 12:4, 5) Apa awaké dhéwé ya ngupaya tenanan kanggo manut karo Yéhuwah lan éntuk berkah? Contoné, nèk dikon milih berhimpun utawa kerja lembur, awaké dhéwé milih sing endi? Nèk awaké dhéwé nggunakké wektu, tenaga, lan bandha kanggo nglayani Yéhuwah, Yéhuwah bakal mènèhi ’berkah nganti lubèr’. (Ml 3:10) Yéhuwah bakal nuntun, nglindhungi, lan ngopèni awaké dhéwé.​—Mat 6:33; Ibr 13:5.

DELOKEN VIDÉO TETEP FOKUS ING TUJUAN ROHANI, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Sedulur kuwi seneng gawéan apa? Ning, piyé akhiré kuwi dadi tantangan?

  • Piyé gawéan isa dadi tantangan kanggo awaké dhéwé?

  • Apa sebabé Timotius kudu terus nduwé cita-cita rohani senajan dhèwèké kuwi wis dadi wong sing diwasa rohaniné?​—1Tim 4:16

  • Apa sing paling penting ing uripé njenengan?

    Piyé carané bèn wong liya isa ngerti apa ”gawéanku sing utama”?