Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

”Padha Singkirna Sakèhé Brahala”

”Padha Singkirna Sakèhé Brahala”

Senajan durung ana hukum sing nglarang nyembah brahala, Yakub ngerti nèk kudu ngabdi mung marang Yéhuwah. (Pa 20:3-5) Mula, sakwisé Yéhuwah ngongkon Yakub balik ing Bètel, Yakub mréntahké bèn kabèh wong sing mèlu dhèwèké padha nyingkirké brahala-brahalané. Terus, Yakub mbuwang brahala-brahala kuwi, klebu anting-anting sing biasané dienggo jimat. (Pd 35:1-4) Tumindaké Yakub kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng.

Saiki, piyé carané awaké dhéwé ngabdi mung marang Yéhuwah? Awaké dhéwé kudu ngedohi kabèh sing ana hubungané karo brahala utawa spiritisme. Kuwi klebu nyingkirké kabèh sing ana hubungané karo ilmu gaib lan ngati-ati wektu milih hiburan. Contoné, coba pikirna, ’Apa aku seneng maca buku utawa nonton film soal vampir, zombie, utawa ilmu gaib? Apa aku milih hiburan sing nduduhké nèk sihir, mantra, utawa kutukan kuwi kétok nyenengké lan ora bahaya?’ Awaké dhéwé kudu ngedohi apa waé sing disengiti Yéhuwah.​—Ms 97:10.

DELOKEN VIDÉO ”LAWANEN IBLIS”, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Masalah apa sing diadhepi Palesa?

  • Wektu nduwé masalah soal spiritisme, apa sebabé awaké dhéwé kudu njaluk bantuané para pinituwa?

  • Lawanen Iblis, lan nyedhaka marang Gusti Allah.​—Yak 4:7, 8

    Nèk péngin dilindhungi Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nyingkirké apa?

  • Palesa akhiré nggawé keputusan apa?

  • Ing dhaérahé njenengan, apa waé carané bèn ora kena pengaruh saka hantu-hantu?