Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Ajènana Bapak lan Ibumu

Ajènana Bapak lan Ibumu

Yésus nandheské pentingé ngajèni wong tuwa. (Pa 20:12; Mt 15:4) Yésus isa mènèhi naséhat kuwi merga dhèwèké terus manut karo wong tuwané wektu isih enom. (Lk 2:51) Wektu wis diwasa, Yésus mesthèkké bèn ibuné ana sing ngopèni sakwisé dhèwèké mati.—Yo 19:26, 27.

Saiki cah-cah enom Kristen isa nduduhké nèk ngajèni wong tuwané kanthi cara terus manut lan ngomong nganggo cara sing apik lan sopan. Senajan wong tuwa kita wis sepuh, kita tetep kudu ngajèni dhèwèké kanthi cara sinau saka kawicaksanané. (WB 23:22) Kita uga isa ngajèni wong tuwa sing wis sepuh, kanthi cara nyukupi kebutuhan matèri lan émosiné nèk dibutuhké. (1Tm 5:8) Ora masalah kita isih enom utawa wis tuwa, nèk nduwé hubungan sing apik karo wong tuwamu, kuwi dadi kunci bèn isa ngajèni wong tuwamu.

DÉLOKEN ANIMASI PAPAN TULIS PIYÉ CARANÉ NGOMONG KARO WONG TUWAMU? BANJUR JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sebabé kowé isa waé ngrasa ora gampang omongan karo wong tuwamu?

  • Piyé carané ngajèni wong tuwamu wektu ngomong?

  • Apa sebabé nèk omongan karo wong tuwamu kuwi ana paédahé? (WB 15:22)

    Omongan karo wong tuwamu mesthi ana paédahé