Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | MATÉUS 14-15

Mènèhi Pangan Wong Akèh Liwat Wong Sithik

Mènèhi Pangan Wong Akèh Liwat Wong Sithik

Sakdurungé Paskah taun 32 M, Yésus nggawé mukjijat. Kuwi siji-sijiné mukjijat sing isa diwaca ing kabèh buku Injil.

Saka mukjijat kuwi, Yésus mènèhi conto sing isih dhèwèké tindakké nganti jaman saiki.

14:16-21

  • Yésus mréntahké para muridé bèn mènèhi panganan kanggo wong akèh, senajan para muridé mung nduwé roti lima lan iwak loro

  • Yésus njupuk roti lan iwak banjur ndonga lan mènèhké kuwi marang para muridé. Banjur, para muridé mbagèkké kuwi marang wong akèh

  • Panganan kuwi cukup kanggo wong akèh. Yésus mènèhi pangan éwonan wong liwat wong sithik, yaiku para muridé

  • Yésus ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan, dhèwèké bakal milih saluran sing bakal nyedhiakké pangan rohani ”ing wektu kang katamtokaké”.—Mt 24:45

  • Ing taun 1919, Yésus milih ”abdi kang setya lan pinter”, yaiku kelompok cilik saka wong Kristen terurap. Wong-wong kuwi dipilih saka antarané ”pelayan-pelayan ing omahé” (Terjemahan Dunia Baru), yaiku wong-wong sing diwènèhi pangan

  • Liwat wong-wong Kristen terurap, Yésus nggunakké conto sing dhèwèké wènèhké ing abad kapisan

Piyé aku isa ngerti lan ngajèni saluran sing Yésus gunakké kanggo mènèhi panganan rohani marang wong-wong?