Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil—Nggunakké Pitakonan sing Cocog

Tambah Trampil Nginjil—Nggunakké Pitakonan sing Cocog

PENTING MERGA: Alkitab kandha, ”Rancangan kang ana ing atiné manungsa iku kaya banyu kang jero.” Pitakonan kuwi kaya timba. (WB 20:5) Pitakonan mbantu sing dikabari nyritakké isi atiné. Jawaban saka pitakonan-pitakonan sing dipilih kanthi apik isa mbantu kita neruské rembugané. Yésus nggunakké pitakonan-pitakonan sing cocog. Piyé carané niru Yésus?

CARANÉ:

  • Gunakké pitakonan sudut pandang. Yésus nggunakké pitakonan-pitakonan kanggo ngerti pandhangané para muridé. (Mt 16:13-16; be-IN 238 ¶4-6) Pitakonan sudut pandang apa sing isa panjenengan gunakké?

  • Gunakké pitakonan kanggo ngarahké. Kanggo mbenerké cara mikiré Pétrus, Yésus mènèhi pirang-pirang pitakonan lan pilihan jawaban bèn Pétrus isa nggawé kesimpulan sing bener. (Mt 17:24-26) Pitakonan apa sing isa panjenengan gunakké kanggo mbantu sing dikabari nggawé kesimpulan sing bener?

  • Ngalem sing dikabari. Yésus ngalem salah siji ahli Torèt wektu dhèwèké njawab kanthi wicaksana. (Mk 12:34) Piyé panjenengan isa ngalem sing dikabari wektu dhèwèké njawab pitakonan?

DELOKEN BAGÉAN KAPISAN SAKA VIDEO TINDAKNA GAWÉAN SING DITINDAKKÉ YÉSUS—MULANGKÉ KITAB SUCI. LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sebabé conto ing video iki ora apik senajan katrangané akurat?

  • Apa sebabé ora cukup mung njelaské katrangané?

DELOKEN BAGÉAN KAPINDHO SAKA VIDEO KUWI LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Piyé sedulur kuwi nggunakké pitakonan sing cocog?

  • Apa manèh sing isa kita tiru saka carané mulang?

Apa pengaruhé wulangan kita kanggo wong liya? (Lk 24:32)