Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | MATÉUS 18-19

Ngati-ati Bèn Kita lan Wong Liya Ora Kesandhung

Ngati-ati Bèn Kita lan Wong Liya Ora Kesandhung

Yésus nggunakké perumpamaan kanggo mulang nèk kita kesandhung lan nyebabké wong liya kesandhung kuwi bab sing serius.

18:6, 7

  • Tegesé balok ”sandhungan” yaiku tumindak utawa kahanan sing nggawé wong dadi nindakké bab sing ala, kesandhung utawa dadi rusak moralé lan tumindak dosa

  • Nèk nyebabké wong kesandhung, luwih apik nèk dikalungi watu gilingan banjur dijegurké ing segara

Watu gilingan

18:8, 9

  • Yésus mènèhi naséhat para muridé kanggo nyingkirké bab-bab sing dianggep aji kaya tangan lan mripat nèk kuwi nggawé kesandhung

  • Luwih apik kélangan bab-bab mau lan isa mlebu ing Kratoné Gusti Allah, ketimbang nduwé kuwi kabèh ning mlebu Géhéna, yaiku lambang kebinasaan kekal

Apa sing isa nggawé aku kesandhung? Piyé carané bèn aku ora nggawé awakku dhéwé lan wong liya kesandhung?