Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | MATÉUS 12-13

Perumpamaan bab Gandum lan Alang-Alang

Perumpamaan bab Gandum lan Alang-Alang

Yésus nggunakké perumpamaan bab gandum lan alang-alang kanggo nduduhké kapan lan piyé dhèwèké nglumpukké wong-wong saka golongan gandum, yaiku wong Kristen terurap sing dipilih mulai taun 33 M

13:24

Wong sing nyebar wiji apik ing ladhangé

  • Sing nyebar wiji: Yésus Kristus

  • Wiji sing disebar: Murid-muridé Yésus sing diurapi roh suci

  • Ladhang: Wong-wong ing ndonya

13:25

Wektu wong-wong padha turu kabèh, mungsuhé teka nyebar wiji alang-alang ing tengahé gandum

  • Mungsuh: Sétan

  • Wong-wong sing turu: Para rasul mati

13:30

”Cikbèn padha thukul bebarengan nganti mangsa panèn”

  • Gandum: Wong Kristen terurap

  • Alang-alang: Wong Kristen palsu

’Klumpukna dhisik alang-alangé, sawisé iku gandumé klumpukna ing lumbungku’

  • Para baturé/sing manèn: Malaékat

  • Alang-alang diklumpukké: Wong Kristen palsu dipisahké saka wong Kristen terurap

  • Diklumpukké ing lumbung: Wong Kristen terurap diklumpukké ing jemaat sing wis dipulihké

Wektu mangsa panèn diwiwiti, apa sing mbédakké wong Kristen sejati saka wong Kristen palsu?

Apa paédahé kanggoku nèk ngerti perumpamaan iki?