Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Terus Ngentèni Senajan Ngadhepi Masalah

Terus Ngentèni Senajan Ngadhepi Masalah

Awaké dhéwé mungkin wis suwé ngentèni tekané Kratoné Allah. Wektu ngentèni, awaké dhéwé ya mungkin kudu ngadhepi akèh masalah. (Rm 8:25) Ana sedulur-sedulur sing dimungsuhi, dianiaya, dipenjara, utawa malah nganti dipatèni. Sing liyané mungkin nduwé masalah keséhatan utawa dadi saya tuwa.

Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus ngentèni senajan ngadhepi akèh masalah? Awaké dhéwé kudu sinau lan ngrenungké Alkitab saben dina. Awaké dhéwé ya kudu terus mikirké harapané awaké dhéwé. (2Kor 4:16-18; Ibr 12:2) Terus, awaké dhéwé ya isa njaluk roh suciné Yéhuwah liwat donga. (Luk 11:10, 13; Ibr 5:7) Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa ”tekun ngadhepi sakabèhé kanthi sabar lan bungah”.​—Kol 1:11.

DELOKEN VIDEO KUDU ”MLAYU KANTHI TEKUN”—YAKIN NÈK BAKAL NAMPA BERKAH, TERUS JAWABEN PITAKONANÉ:

  • Awaké dhéwé isa waé ngadhepi apa? (Ko 9:11)

  • Piyé donga isa mbantu awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah?

  • Senajan ora isa nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah kaya mbiyèn, apa sebabé awaké dhéwé kudu fokus karo apa sing isih isa ditindakké?

  • Terus mikirké harapané awaké dhéwé

    Piyé carané bèn awaké dhéwé isa tetep yakin nèk mbésuk bakal nampa berkah?