Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—⁠Ngendhegké PAR sing Ora Nggawé Kemajuan

Tambah Trampil Nginjil​—⁠Ngendhegké PAR sing Ora Nggawé Kemajuan

PENTING MERGA: Wong-wong kudu nggunakké jenengé Yéhuwah bèn isa slamet. (Rm 10:13, 14) Ning, ora kabèh wong sing sinau Alkitab gelem ngetrapké pathokané Yéhuwah. Awaké dhéwé péngin mbantu wong sing bener-bener ngupaya nyenengké Yéhuwah. Mungkin ana sing wis suwé sinau Alkitab karo awaké dhéwé, ning wong kuwi ora nggawé kemajuan sing nyata. Nèk kaya ngono, sinau Alkitabé ora perlu diteruské. Awaké dhéwé isa nggolèk wong liya sing tenanan péngin akrab karo Yéhuwah. (Yoh 6:44) Ning, sinau Alkitabé isa diteruské manèh nèk sukmbèn dhèwèké dadi ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”.​—Kis 13:48.

CARANÉ:

  • Pujinen sing sinau Alkitab merga wis gelem sinau wulangan sing bener.​—1Tim 2:4

  • Terangna pentingé ngetrapké sing wis disinaoni.​—Luk 6:46-49

  • Rembugen perumpamaan soal petani sing nyebar winih, terus takonana apa sebabé dhèwèké ora ngetrapké sing wis disinaoni.​—Mat 13:18-23

  • Jelasna alesané sinau Alkitabé ora diteruské manèh

  • Kandhanana dhèwèké nèk kadhang kala njenengan bakal teka kanggo nguwatké dhèwèké lan sinauné isa diteruské manèh nèk dhèwèké wis nggawé kemajuan

DELOKÈN VIDEONÉ, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Saka omong-omongan kuwi, apa sing nduduhké nèk sing sinau Alkitab ora nggawé kemajuan?

  • Piyé carané penginjil kuwi ngandhani sing sinau Alkitab nèk dhèwèké kudu nggawé perubahan?

  • Piyé carané penginjil kuwi ngandhani sing sinau Alkitab nèk sukmbèn sinauné isa diteruské manèh?