Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Éntuk Luwih Akèh Manfaat saka Sinau Alkitab Pribadi

Éntuk Luwih Akèh Manfaat saka Sinau Alkitab Pribadi

PENTING MERGA: Sinau Alkitab pribadi isa mbantu awaké dhéwé ”paham tenan bab sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné” isiné Alkitab. (Éf 3:18) Kuwi ya mbantu awaké dhéwé tetep murni ing antarané wong-wong sing jahat lan mbantu awaké dhéwé bèn ”terus nggegem kenceng sabda sing marakké urip”. (Flp 2:15, 16) Sinau Alkitab pribadi ya mènèhi awaké dhéwé kesempatan kanggo milih dhéwé bahan sing cocog karo kebutuhané awaké dhéwé. Piyé carané awaké dhéwé isa éntuk luwih akèh manfaat saka maca lan sinau Alkitab?

CARANÉ:

  • Tandhai ayat-ayat lan gawéa cathetan ing Alkitab, tercetak utawa elektronik, sing biasané njenengan gunakké kanggo sinau

  • Wektu maca Alkitab, pikirna pitakonan-pitakonan iki: ’Sapa? Apa? Kapan? Ing ngendi? Apa sebabé? Piyé?’

  • Nggolèk luwih akèh informasi. Njenengan isa nggolèki nurut ayat utawa topiké nggunakké sarana riset sing ana

  • Renungna bèn ngerti carané ngetrapké sing wis diwaca

  • Apa sing wis disinaoni kudu ditindakké saben dina.​—Luk 6:47, 48

DELOKEN VIDEO TERUSA ”NGGEGEM KENCENG”—LIWAT SINAU PRIBADI SING EFEKTIF, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa waé manfaaté sinau Alkitab pribadi?

  • Apa sebabé kudu ndonga dhisik sakdurungé mulai sinau Alkitab pribadi?

  • Piyé carané bèn awaké dhéwé isa luwih paham ayat ing Alkitab?

  • Wektu sinau, awaké dhéwé isa nandhai Alkitabé awaké dhéwé nganggo cara apa waé?

  • Apa sebabé perenungan kuwi penting wektu sinau Alkitab pribadi?

  • Apa sing kudu ditindakké karo apa sing wis disinaoni?

”Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka, sadinten muput kawula gilut-gilut.”​—Ms 119:97