Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Wong Mati Diuripké Manèh—Kelakon Merga Tebusan

Wong Mati Diuripké Manèh—Kelakon Merga Tebusan

Nèk teka ing Pèngetan, awaké dhéwé isa mbayangké berkah sing ditampa sukmbèn, merga anané tebusan. Contoné, wong mati isa urip manèh. Kuwi bukti nèk Yéhuwah ora péngin manungsa mati. Ditinggal mati wong sing ditresnani kuwi, rasa sedhihé ora ana tandhingé. (1Kr 15:26) Yésus sedhih wektu ndelok para muridé nangisi Lazarus sing mati. (Yo 11:33-35) Merga sipaté Yésus persis kaya bapaké, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah sedhih banget wektu awaké dhéwé kélangan wong sing ditresnani. (Yo 14:7) Mula, Yéhuwah péngin banget nguripké manèh para abdiné sing wis mati. Semono uga, awaké dhéwé ya péngin ketemu wong-wong kuwi.Ay 14:14, 15.

Merga Yéhuwah Allah sing tertib, awaké dhéwé isa percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh manut urutané. (1Kr 14:33, 40) Sukmbèn ora bakal ana layatan, malah bakal ketemu karo sing diuripké manèh. Wektu ditinggal mati, apa panjenengan mbayangké nèk wong mati bakal diuripké manèh? (2Kr 4:17, 18) Apa panjenengan maturnuwun karo Yéhuwah merga wis ngekèki tebusan, lan nyritakké ing Alkitab bab wong mati sing bakal diuripké manèh?Kl 3:15.

  • Sapa kanca lan sedulur sing mbésuk péngin banget panjenengan temoni?

  • Sapa abdiné Yéhuwah ing Alkitab sing mbésuk péngin banget panjenengan temoni lan dijak omong?