Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Nampa Para Tamu

Nampa Para Tamu

Kira-kira 12 yuta tamu bakal teka ing acara Pèngetan tanggal 23 Maret 2016. Sing ceramah bakal ngrembug bab tebusan lan berkahé kanggo manungsa. Kuwi bakal dadi cara nginjil sing ampuh. (Yé 11:6-9; 35:5, 6; 65:21-23; Yo 3:16) Ning, ora mung sing ceramah, awaké dhéwé uga isa nindakké sing padha, yaiku nampa para tamu nganggo cara sing nyenengké. (Rm 15:7) Carané ngéné:

  • Aja mung lungguh lan ngentèni acarané mulai. Kudu grapyak karo para tamu, lan sedulur sing wis suwé ora mèlu kagiyatané jemaat

  • Senajan nggatèkké wong sing awaké dhéwé undang, gatèkna uga tamu undangan liyané. Ajaken lungguh bareng. Silihana Alkitab lan buku lagu

  • Bar acara, kudu siap njawab nèk ana sing takon bab acara kuwi. Nèk wektuné mèpèt merga panggonané arep dinggo jemaat liya, awaké dhéwé isa ngejak janjian ketemu manèh liya dina ora let suwé saka acara kuwi. Nèk ora ngerti alamat utawa nomer tilpuné, isa kandha, ”Aku péngin ngerti tanggepan panjenengan bab acara iki. Éntuk njaluk alamat utawa nomer tilpun panjenengan?”