Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | ÈSTER 6-10

Èster Wani Mbéla Yéhuwah lan Umaté

Èster Wani Mbéla Yéhuwah lan Umaté

Èster kendel lan ora mentingké awaké dhéwé wektu mbéla Yéhuwah lan umaté

8:3-5, 9

  • Uripé Èster lan Mordekhai wis pénak. Ning, Haman nggawé hukum kanggo matèni kabèh wong Yahudi ing negara kuwi

  • Ketemu raja tanpa diundang isa diukum mati, ning Èster wani nemoni raja. Èster nangisi bangsané lan njaluk raja mbatalké hukum kuwi

  • Hukum sing disahké nganggo jenengé raja ora isa dibatalké. Mula, raja ngekèki Èster lan Mordekhai kwasa kanggo nggawé hukum anyar

Yéhuwah nylametké umaté

8:10-14, 17

  • Hukum anyar digawé, lan kuwi ngekèki wong Yahudi hak kanggo mbéla dhèwèké nèk diserang

  • Utusan sing nunggang jaran ngabari kabèh wong Yahudi ing negara kuwi, bèn siap perang

  • Akèh sing mèlu ibadahé wong Yahudi, merga ndelok bukti nèk Gusti Allah nylametké bangsa kuwi