Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Nawakké

Carané Nawakké

WARTA PENTING

Pitakonan: Nurut panjenengan, apa hadiah sing paling aji saka Gusti Allah kanggo kita?

Ayat: Yo 3:16

Nawakké: Majalah Warta Penting iki ngrembug apa sebabé Gusti Allah ngutus Yésus menyang bumi lan mati kanggo kita sarta apa buktiné nèk kita ngajèni hadiah kuwi.

KRATONÉ GUSTI ALLAH IKU APA, TA?

Pitakonan: [Duduhna kaca ngarep dhéwé.] Nurut panjenengan, apa Kratoné Gusti Allah iku ana ing njero ati? panggonané Gusti Allah? utawa pamréntahan ing swarga?

Ayat: Dn 2:44; Lk 1:33

Nawakké: Selebaran iki nerangké berkah apa waé saka Kratoné Gusti Allah sing isa panjenengan rasakké.

UNDANGAN PÈNGETAN

Nawakké: Aku ngundang wong-wong teka ing acara sing paling penting. [Tawakna undangané.] Ing tanggal 11 April, jutaan wong ing saklumahing bumi bakal ngumpul bareng kanggo ngéling-éling sédané Yésus lan ngrungokké ceramah Alkitab gratis sing nerangké bab paédahé sédané Yésus kanggo kita. Katrangan bab wektu lan panggonané ana ing undangan iki. Aku seneng banget nèk panjenengan isa teka.

CARAMU NAWAKKÉ

Gunakna conto-conto kuwi bèn isa nggawé cara nawakké dhéwé.