Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Nggunakké Brosur Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?

Carané Nggunakké Brosur Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?

Brosur Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki? dirancang kanggo dirembug ing wiwitan utawa pungkasané sinau Alkitab. * Bab 1 nganti 4, nerangké wong-wong kaya apa Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi. Bab 5 nganti 14, nerangké kagiyatané Seksi-Seksi Yéhuwah. Bab 15 nganti 28, nerangké pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah. Umumé, apik nèk rembugané urut saka ngarep, kecuali nèk ana kebutuhan kusus. Saben bab dawané mung sak halaman lan isa dirembug lima nganti sepuluh menit.

  • Rembugen pitakonan sing dadi judhulé bab

  • Wacanen bareng-bareng, isa langsung sak bab kabèh utawa per subjudhul

  • Rembugen apa sing diwaca. Gunakna gambar-gambar lan pitakonan sing ana ing ngisor. Pilihen ayat sing cocog kanggo diwaca lan dirembug. Terangna nèk subjudhul sing dicétak kandel dadi jawaban saka pitakonan sing dadi judhulé bab

  • Nèk ana kothak ”Golèka Katrangan Manèh”, wacanen bareng-bareng lan sing sinau dikon ngetrapké saran ing kothak kuwi

^ par. 3 Kanggo katrangan sing paling anyar bab isiné brosur iki, deloken vèrsi digitalé.