Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Nggunakké Brosur Rungokna Gusti Allah

Carané Nggunakké Brosur Rungokna Gusti Allah

Brosur Rungokna Gusti Allah isiné gambar-gambar sing dirancang kanggo mulang wong sing ora isa maca bèn ngerti ajaran dhasar Alkitab. Saben bab isiné rong halaman gambar sing disusun lan dikèki tandha panah bèn ngerti urutan critané wektu rembugan.

Gambar-gambar ing brosur Rungokna Gusti Allah Supaya Bisa Urip Salawasé padha karo ing brosur Rungokna Gusti Allah. Ning, tulisané luwih akèh lan isa digunakké kanggo sing macané kurang lancar. Brosur kuwi isa digunakké kanggo tuntunan wektu mulang wong sing sinauné nggunakké brosur Rungokna Gusti Allah. Ing akèh-akèhé bab, ana kothak sing isiné katrangan tambahan sing isa dirembug manut kebutuhané sing sinau.

Panjenengan isa nawakké rong brosur kuwi kapan waé, senajan dudu wacan sing ditawakké sasi kuwi. Wektu mulang, gunakna gambar-gambaré kanggo nerangké crita ing Alkitab. Gunakna pitakonan kanggo mbantu sing sinau bèn isa mikir lan ngerti tenan. Wacanen lan rembugen ayat-ayat sing ana ing ngisor halaman. Sakwisé ngrampungké brosur kuwi, gunakna buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? kanggo mbantu sing sinau nggawé kemajuan nganti dibaptis.