Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Bantu Keluarga Panjenengan bèn Éling marang Yéhuwah

Bantu Keluarga Panjenengan bèn Éling marang Yéhuwah

Yérémia éntuk tugas kanggo ngumumké paukuman saka Yéhuwah merga wong-wong Yahudi wis nglalèkké Yéhuwah. (Ym 13:25) Apa sebabé kok isa nganti kaya ngono? Merga kahanan rohani saka keluarga-keluarga ing Israèl wis bobrok. Para kepala keluarga ora manut karo arahané Yéhuwah sing ditulis ing Pangandharing Torèt 6:5-7.

Nèk kahanan rohaniné keluarga-keluarga kuwat, kahanan jemaat ing jaman saiki uga isa dadi kuwat. Kepala keluarga perlu nganakké Ibadah Keluarga sing ajeg lan ngrembug bab sing migunani bèn keluargané tetep éling karo Yéhuwah. (Ms 22:27) Sakwisé nonton vidhéo Tembung-Tembung Iki Kudu Ana ing Njero Atimu—Acara Takon-Takon Keluarga, jawaben pitakonan-pitakonan iki:

  • Piyé keluarga-keluarga isa ngatasi masalah-masalah umum sing isa ngalangi ibadah keluarga?

  • Apa berkahé nèk nganakké Ibadah Keluarga sing ajeg lan ngrembug bab sing migunani?

  • Tantangan apa waé sing isa ngalangi aku nganakké ibadah keluarga, lan apa sing bakal tak tindakké kanggo ngatasi?