Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | YÉRÉMIA 12-16

Wong Israèl Wis Nglalèkké Yéhuwah

Wong Israèl Wis Nglalèkké Yéhuwah

Yérémia éntuk tugas sing ora gampang sing nggambarké kersané Yéhuwah kanggo ngukum wong-wong Yéhuda lan Yérusalèm sing sombong lan ndableg.

Yérémia tuku sabuk léna

13:1, 2

  • Sabuk sing digubedké ing pinggang kuwi nggambarké hubungan sing raket sing isa diduwèni karo Yéhuwah lan bangsa Israèl

Yérémia nggawa sabuk kuwi menyang Kali Éfrat

13:3-5

  • Yérémia ndhelikké sabuk kuwi ing sela-selané gunung batu, banjur bali menyang Yérusalèm

Yérémia bali menyang Kali Éfrat kanggo njupuk sabuk mau

13:6, 7

  • Sabuké wis rusak

Sakwisé Yérémia ngrampungké tugas kuwi, Yéhuwah lagi njelaské alesané

13:8-11

  • Upayané Yérémia kanggo manut sak tulusé ati marang dhawuhé Yéhuwah sing kétoké sepélé kuwi, nggambarké upayané Yéhuwah kanggo nggugah atiné umaté