Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—⁠Wulangen Carané Persiapan

Tambah Trampil Nginjil​—⁠Wulangen Carané Persiapan

PENTING MERGA: Nèk wis persiapan, wong sing sinau Alkitab isa luwih paham lan isa ngéling-éling sing wis diwulangké. Nèk saya paham, wong sing sinau Alkitab isa luwih cepet nggawé kemajuan. Malah sakwisé dibaptis, wong kuwi isih kudu persiapan kanggo pakumpulan ibadah lan nginjil, bèn isa ’terus jaga-jaga’. (Mat 25:13) Dadi, nèk ngerti carané sinau lan nduwé kebiasaan sinau sing apik kuwi paédahé gedhé banget. Mulai saiki, kita kudu mbantu sing sinau Alkitab bèn isa persiapan dhisik sakdurungé sinau.

CARANÉ:

  • Dadia conto sing apik. (Rm 2:21) Pikirna sing sinau Alkitab saben arep persiapan. (km-IN 11/15 3) Duduhna bukuné panjenengan sing wis digarisi

  • Disemangati bèn persiapan. Wektu mulai sinau, kandhanana nèk persiapan kuwi dadi bagéan saka program sinau Alkitab. Terangna paédahé nèk persiapan dhisik. Wènèhna saran carané bèn isa nduwé wektu kanggo persiapan. Pas sinau Alkitab, ana guru Alkitab sing nyilihké bukuné sing wis digarisi bèn sing sinau isa ngrasakké paédahé. Sing sinau isa dialem nek wis persiapan

  • Duduhna carané persiapan. Wektu sepisanan mulai sinau Alkitab, ana guru sing nggunakké kesempatan kuwi kanggo nduduhké carané persiapan