Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | MATIUS 25

”Terusa Jaga-Jaga”

”Terusa Jaga-Jaga”

25:1-12

Senajan perumpamaan bab sepuluh prawan kuwi kanggo muridé Yésus sing terurap, ning piwulangé isa ditrapké kabèh wong Kristen. (w15-IN 15/3 12-16) ”Dadi, terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.” (Mat 25:13) Apa panjenengan isa njelaské tegesé perumpamaan kuwi?

  • Mantèn lanang (ayat 1)—Yésus

  • Prawan sing wicaksana (ayat 2)—Wong Kristen terurap sing setya nindakké tugasé lan sumunar kaya cahya sing padhang nganti pungkasan (Flp 2:15)

  • Ana sing mbengok, ”Mantèn lanang wis teka!” (ayat 6)—Bukti rawuhé Yésus

  • Prawan sing bodho (ayat 8)—Wong Kristen terurap sing metu kanggo nyambut Mantèn Lanang, ning ora terus jaga-jaga lan ora terus setya

  • Prawan sing wicaksana ora gelem mènèhi minyaké (ayat 9)—Sakwisé pemeteraian akhir, wong-wong Kristen terurap wis ora isa nulungi wong-wong Kristen terurap sing ora setya

  • ”Mantèn lanang teka” (ayat 10)—Wektu sengsara gedhé wis mèh rampung, Yésus teka kanggo ngadili

  • Prawan sing wicaksana mlebu ing pésta mantènan karo mantèn lanang, banjur lawangé ditutup (ayat 10)—Yésus ngumpulké para muridé sing terurap sing tetep setya ing swarga, lan sing ora setya ora isa munggah swarga