Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—⁠Carané Nginjil Nganggo Surat

Tambah Trampil Nginjil​—⁠Carané Nginjil Nganggo Surat

PENTING MERGA: Buku 1 Korintus kuwi salah siji saka 14 surat sing ditulis Rasul Paulus kanggo nguwatké wong-wong Kristen. Nèk nulis surat, awaké dhéwé isa milih kata-kata sing arep ditulis. Terus, surat ya isa diwaca bola-bali karo sing nampa. Nulis surat kuwi cara sing apik kanggo mènèhi kesaksian keluarga lan kanca. Kuwi ya isa dienggo mènèhi kesaksian wong-wong sing angèl ditemoni. Contoné, mungkin ana wong sing nduduhké minat, ning jarang ana ing omah. Mungkin ya ana wong-wong sing manggon ing apartemèn utawa perumahan sing dijaga ketat. Sing liyané manggon ing dhaérah terpencil. Piyé carané nulis surat, khususé kanggo wong sing ora dikenal?

CARANÉ:

  • Kata-katané kudu wajar. Ing bagéan awal surat, kenalna sapa njenengan lan apa alesané njenengan nulis surat. Njenengan mungkin isa ngejokké pitakonan kanggo dhèwèké, terus nyebutké situs web resminé awaké dhéwé. Bar kuwi, jelasna soal program sinau Alkitab ing omah, utawa sebutna sebagéan judhul-judhul saka salah siji alat bantu sinau Alkitab. Njenengan ya isa mènèhi publikasi kaya kartu kontak, undangan, utawa selebaran

  • Singkat waé. Isi suraté aja dawa-dawa bèn sing nampa ora bosen.​—Deloken conto surat ing halaman 8

  • Diwaca manèh bèn ora ana sing salah. Pastèkna isi suraté pénak diwaca. Terus, njenengan ya kudu mastèkké nèk kata-katané ramah lan sopan