Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Nggunakké Video Wektu Mulang

Nggunakké Video Wektu Mulang

Nèk nggunakké video lan gambar, awaké dhéwé isa mbantu sing sinau Alkitab bèn isa luwih paham lan isa ngéling-éling sing disinaoni. Wektu mulang, Yéhuwah nggunakké apa waé sing isa didelok karo umaté. (Pd 15:5; Ym 18:1-6) Yésus ya nggunakké cara sing padha. (Mat 18:2-6; 22:19-21) Ing jaman saiki, video wis kebukti dadi sarana sing ampuh kanggo mulang. Apa njenengan nggunakké video wektu mulang sing sinau Alkitab?

Saiki ana 10 video sing wis disiapké kanggo mbantu awaké dhéwé wektu mulang nganggo buku Kabar Apik saka Gusti Allah! Biasané, judhul videoné cocog karo saben pitakonan sing dicétak kandel ing buku kuwi. Ing versi digital, ana link kanggo ngélingké awaké dhéwé kapan kudu nyetèlké videoné. Terus, video-video kanggo buku pelajaran liyané isa digolèki ing Alat-Alat kanggo Mulang.

Awaké dhéwé isa nggunakké video wektu ngrembug topik Alkitab sing mungkin angèl dipahami karo sing sinau Alkitab. Video ya isa mbantu sing sinau Alkitab wektu ngadhepi tantangan. Golèkana video sing cocog kanggo dhèwèké ing jw.org® lan JW Broadcasting®. Bar kuwi, videoné isa ditonton bareng, terus dirembug.

Saben sasi mesthi ana video sing anyar. Wektu nonton videoné, awaké dhéwé isa mikirké piyé carané video kuwi isa digunakké wektu mulang wong liya.