Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 12-14

Buktiné Nèk Awaké Dhéwé Sayang karo Wong Liya

Buktiné Nèk Awaké Dhéwé Sayang karo Wong Liya

12:10, 17-21

Awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk sayang karo wong liya khususé wektu ngalami tumindak sing ora adil. Awaké dhéwé ora bakal mbales. Ning, ora mung kuwi, awaké dhéwé ya kudu tetep apikan. Alkitab kandha, ”Nèk mungsuhmu luwé, wènèhana mangan. Nèk dhèwèké ngelak, wènèhana ngombé. Merga kowé bakal ngluluhké atiné.” (Rm 12:20) Wong sing nglarani atiné awaké dhéwé mungkin isa berubah nèk awaké dhéwé tetep apikan karo wong kuwi.

Piyé perasaané njenengan nèk njenengan ora sengaja nglarani atiné wong liya ning wong kuwi tetep apikan karo njenengan?