Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Sapa sing Bakal Tak Undang?

Sapa sing Bakal Tak Undang?

Saben taun awaké dhéwé ngupaya tenanan kanggo ngundang wong-wong nekani acara Pèngetan. Biasané, awaké dhéwé ngundang wong-wong sing durung dikenal. Ning, awaké dhéwé ya aja lali ngundang wong-wong sing wis dikenal. Biasané wong-wong gelem teka nèk wis kenal karo sing ngundang. (yb08-IN 11 ¶3; 14 ¶1) Sapa waé sing isa diundang?

  • Keluarga

  • Kanca kerja utawa kanca sekolah

  • Tangga-tangga

  • Kunjungan lan wong sing mbiyèn tau sinau Alkitab, utawa sing saiki lagi sinau Alkitab

Para pinituwa bakal ngundang sedulur-sedulur sing wis ora tau nginjil utawa berhimpun manèh. Piyé nèk sing péngin njenengan undang omahé adoh? Njenengan isa nggolèkké katrangan soal wektu lan panggonan sing paling cedhak ing bagéan BAB SEKSI YÉHUWAH sing ana ing bagéan ndhuwur halaman utama jw.org, terus pilihen bagéan ”Pèngetan”. Wektu njenengan nggawé persiapan-persiapan kanggo acara Pèngetan, coba pikirna sapa waé sing arep njenengan undang, terus undangen wong kuwi.