Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL

Bantunen sing Sinau Bèn Isa Akrab karo Yéhuwah

Bantunen sing Sinau Bèn Isa Akrab karo Yéhuwah

Yéhuwah péngin awaké dhéwé nglayani merga sayang karo Dhèwèké. (Mat 22:37, 38) Nèk sayang karo Yéhuwah, sing sinau Alkitab mesthi gelem manut lan setya karo Yéhuwah, meskipun lagi ana masalah. (1Yoh 5:3) Merga sayang karo Yéhuwah, dhèwèké mesthi ya gelem dibaptis.

Bantunen sing sinau bèn isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. Bar sinau coba takonana, ”Saka sing dipelajari iki, menurut njenengan Yéhuwah kuwi piyé?” utawa ”Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo njenengan?” Bantunen sing sinau bèn yakin nèk Yéhuwah gelem mbantu dhèwèké. (2Bb 16:9) Critakna pas dongané njenengan dijawab karo Yéhuwah, terus kandhanana nèk Yéhuwah ya isa njawab dongané. Nèk sing sinau isa sayang karo Yéhuwah lan akrab karo Dhèwèké, awaké dhéwé mesthi seneng banget.

DELOKEN VIDÉO MBANTU WONG SING SINAU ALKITAB KANGGO NYEDHAK MARANG YÉHUWAH, TERUS JAWABEN PERTANYAAN-PERTANYAAN IKI:

  • Masalahé Sari apa?

  • Nita ngapa kanggo mbantu Sari?

  • Piyé akhiré Sari isa ngatasi masalahé?