Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

DITRAPKÉ WEKTU NGINJI | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL

Nggunakké Perumpamaan

Nggunakké Perumpamaan

Pas marani manèh utawa mulang Alkitab, awaké dhéwé kudu mbantu sing sinau ngerti gagasan utamané. Gunakna perumpamaan bèn sing sinau isa ngéling-éling sing wis disinaoni lan gelem ngetrapké.

Pas persiapan marani manèh utawa mulang Alkitab, golèkana gagasan utamané lan pilihen perumpamaan sing gampang dingertèni. (Mat 5:14-16; Mrk 2:21; Luk 14:7-11) Gunakna perumpamaan sing cocog karo kegiatan saben dinané wong sing ngrungokké. (Luk 5:2-11; Yoh 4:7-15) Awaké dhéwé mesthi bahagia pas sing sinau Alkitab ngerti tenan sing disinaoni.

DELOKEN VIDÉO BUNGAH WEKTU NDADÈKKÉ MURID—TAMBAH TRAMPIL—NGGUNAKKÉ PERUMPAMAAN, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sebabé sing sinau kudu dibantu bèn mudheng ayat Alkitab?

  • Perumpamaan apa sing digunakké Nita kanggo njelaské Roma 5:12?

  • Perumpamaan sing cocog nggawé sing sinau ngerti tenan sing disinaoni

    Apa manfaaté awaké dhéwé nggunakké perumpamaan sing cocog?

  • Pas nginjil, apa sebabé awaké dhéwé kudu nggunakké vidéo lan alat-alat kanggo mulang liyané sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah?