Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Yéhuwah Mènèhi Naséhat Merga Sayang

Yéhuwah Mènèhi Naséhat Merga Sayang

Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé tuntunan, naséhat, lan hukuman. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah. (Rm 12:1; Ibr 12:10, 11) Nampa tuntunan, naséhat, lan hukuman mungkin isa nggawé sedhih. Ning nèk manut, awaké dhéwé bakal diberkahi. (WB 10:7) Wektu mènèhi utawa nampa naséhat lan hukuman, apa sing kudu dipikirké?

Sing mènèhi. Para pinituwa, wong tuwa, lan liyané isa niru Yéhuwah sing apikan lan sayang wektu mènèhi naséhat. (Yér 46:28) Awaké dhéwé mènèhi naséhat merga sayang, termasuk wektu mènèhi naséhat sing tegas.​—Tit 1:13.

Sing nampa. Awaké dhéwé kudu ngrungokké naséhat lan cepet-cepet ngetrapké. (WB 3:11, 12) Merga ora sampurna, awaké dhéwé butuh naséhat. Awaké dhéwé isa éntuk naséhat pas maca Alkitab utawa pas mèlu pakumpulan ibadah. Kadhang ya ana sing butuh dinaséhati karo panitia pengadilan. Nèk gelem nampa tuntunan, naséhat, lan hukuman, awaké dhéwé bakal luwih bahagia lan isa urip saklawasé.​—WB 10:17.

DELOKEN VIDÉO ”YÉHUWAH MARINGI DISIPLIN MARANG KABÈH SING DITRESNANI”, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Awalé, Canon kuwi wongé kaya piyé? Terus, piyé uripé berubah?

  • Piyé Yéhuwah mbantu Canon bèn isa cedhak manèh karo Dhèwèké?

  • Gelem nampa naséhat saka Yéhuwah

    Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Canon?