Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Isa Siap Wektu Ana Bencana

Carané Isa Siap Wektu Ana Bencana

Awaké dhéwé ngadhepi luwih akèh masalah merga saiki awaké dhéwé urip ing bagéan akhir saka ”akhir jaman”. (2Tim 3:1; Mat 24:8) Yéhuwah mènèhi arahan sing tepat waktu bèn umaté isa tetep cedhak karo Dhèwèké lan séhat wektu ngadhepi bencana. Awaké dhéwé isa tetep kuwat nèk manut karo arahan kuwi saiki.​—Luk 16:10.

  • Bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah: Kudu terus sinau Alkitab lan ngupaya luwih trampil nginjil. Terus, aja panik nèk njenengan durung isa ketemu manèh karo para sedulur liyané. (Yés 30:15) Yéhuwah lan Yésus bakal terus ndhukung njenengan.​—od-IN 176 ¶15-17

  • Bèn isa tetep séhat lan kuwat: Njenengan isa nyiapké tas sing isiné panganan, minuman, obat-obatan, lan kebutuhan liyané sing dibutuhké wektu njenengan ngungsi ing panggonan sing luwih aman.​—WB 22:3; g17-IN.5 4, 6

DELOKEN VIDÉO APA PANJENENGAN SIYAP WEKTU ANA BENCANA?, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Piyé awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah senajan ana bencana?

  • Apa sebabé awaké dhéwé kudu. . .

    • mènèhi para pinituwa nomer télpon sing paling anyar?

    • nyiapké tas darurat?

    • ngrembug karo keluarga soal bencana apa waé sing mungkin diadhepi lan kudu piyé wektu kuwi kelakon?

  • Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sedulur liyané sing kena bencana?

PIKIRNA, ’Apa manfaaté merga aku wis nggawé persiapan saksuwéné ana wabah corona iki?’