Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL

Semangat Wektu Mulang

Semangat Wektu Mulang

Nèk awaké dhéwé semangat, wong liya bakal luwih nggatèkké apa sing awaké dhéwé omongké. Kuwi ya nduduhké nèk awaké dhéwé menghargai apa sing arep disampèkké. Ora soal awaké dhéwé asalé saka endi lan nduwé sipat sing kaya apa, awaké dhéwé isa tetep nduduhké semangat. (Rm 12:11) Piyé carané?

Sing pertama, élinga nèk apa sing arep njenengan sampèkké kuwi penting banget. Njenengan nduwé tugas istiméwa kanggo ”martakké kabar apik”. (Rm 10:15) Sing keloro, élinga nèk wong-wong sing ngrungokké kabar apik bakal éntuk manfaat. (Rm 10:13, 14) Dadi, njenengan kudu semangat wektu ngomong. Perasaané njenengan isa kétok saka gerakan sing wajar lan wajahé njenengan.

DELOKEN VIDÉO BUNGAH WEKTU NDADÈKKÉ MURID—TAMBAH TRAMPIL—SEMANGAT WEKTU MULANG, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sing nggawé Nita ora semangat manèh wektu mulang Sari?

  • Apa sing nggawé Nita isa semangat manèh?

  • Semangat kuwi ana pengaruhé kanggo wong liya

    Apa sebabé awaké dhéwé kudu fokus karo sipat-sipat apiké sing sinau Alkitab?

  • Apa pengaruhé kanggo sing sinau Alkitab lan wong liya nèk awaké dhéwé semangat?