Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Nggunakké Buku Bahagia Saklawasé Bèn sing Sinau Alkitab Beriman karo Yéhuwah lan Yésus

Nggunakké Buku Bahagia Saklawasé Bèn sing Sinau Alkitab Beriman karo Yéhuwah lan Yésus

Bèn isa nggawé Gusti Allah seneng, sing sinau Alkitab kudu nduwé iman sing kuwat. (Ibr 11:6) Mulané, dhèwèké kudu dibantu sinau nganggo buku Bahagia Saklawasé. Ing buku kuwi ana ayat-ayat sing njelaské topik utamané. Penalarané ya jelas. Terus, ya ana vidéo sing marahi semangat lan gambar sing menarik. Liwat pertanyaan-pertanyaan ing buku kuwi, awaké dhéwé isa ngerti perasaané sing sinau. Nèk nduwé sipat-sipat sing apik lan cedhak karo Gusti Allah, sing sinau Alkitab ora bakal gampang nyerah nèk ana masalah.​—1Kor 3:12-15.

Ana sing ngrasa ora isa cedhak karo Gusti Allah soalé Gusti Allah ora isa didelok. Makané, dhèwèké kudu dibantu bèn kenal lan beriman karo Yéhuwah.

DELOKEN VIDÉO NGGUNAKKÉ BUKU ”BAHAGIA SAKLAWASÉ” KANGGO MBANTU WONG LIYA NDUWÉ IMAN KARO YÉHUWAH, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Apa buktiné nèk sing mandhu persiapan sik?

  • Bar maca Yésaya 41:10, 13, sing mandhu takon apa waé bèn ngerti perasaané sing sinau?

  • Bar ndelok vidéo lan maca ayat, sing sinau dadi piyé?

Akèh sing ora paham soal tebusan lan ora ngerti nèk tebusan kuwi berkah kanggo saben wong. (Gal 2:20) Makané wong-wong kuwi kudu dibantu bèn beriman karo tebusané Yésus.

DELOKEN VIDÉO NGGUNAKKÉ BUKU ”BAHAGIA SAKLAWASÉ” KANGGO MBANTU WONG LIYA NDUWÉ IMAN KARO YÉSUS, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Apa buktiné nèk sing mandhu persiapan sik?

  • Artikel apa sing dipilih saka ”Bahan Tambahan” kanggo mbantu sing sinau? Terus njelaskéné piyé?

  • Nèk ndonga, apa manfaaté kanggo sing sinau?