Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Nyebutké soal Berita utawa Peristiwa sing Lagi Waé Kelakon

Nyebutké soal Berita utawa Peristiwa sing Lagi Waé Kelakon

Pas mulang, Yésus kadhang nyebutké peristiwa sing lagi waé kelakon. (Luk 13:1-5) Njenengan ya isa nyebutké soal berita utawa peristiwa sing lagi waé kelakon bèn wong-wong gelem ngrungokké kabar apik. Misalé, njenengan isa nyebutké soal rega-rega sing mundhak, bencana alam, kerusuhan, utawa liyané. Terus njenengan isa takon, ”Menurut njenengan, mungkin apa ora nèk sukmbèn . . .  ora ana manèh?” Bar kuwi, wacakna ayat sing cocog. Nèk wongé berminat, duduhna vidéo utawa wacan saka Alat-Alat kanggo Mulang. Awaké dhéwé berupaya ’nindakké apa waé kanggo kepentingané kabar apik’ bèn wong-wong gelem ngrungokké.​—1Kor 9:22, 23.

Wong-wong ing dhaérahé njenengan senengé mbahas soal apa?