Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

15-21 Januari

AYUB 36-37

15-21 Januari

Lagu 147 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Ngapa Kok Janjiné Gusti Allah soal Urip Saklawasé Isa Dipercaya?

(10 men.)

Yéhuwah dhéwé urip saklawasé (Ayb 36:26; w22.12 2-3 ¶3-4)

Yéhuwah sanggup lan ngerti carané nyedhiakké sing dibutuhké makhluk hidup bèn isa tetep urip (Ayb 36:​27, 28; w20.05 22 ¶6)

Yéhuwah mulang awaké dhéwé carané bèn isa urip saklawasé (Ayb 36:​4, 22; Yoh 17:3)


Nèk percaya tenan karo janjiné Gusti Allah soal urip saklawasé, awaké dhéwé isa kuwat ngadhepi masalah.—Ibr 6:19; w22.10 28 ¶16.

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Ayb 37:20—Ing negara-negara Timur Tengah jaman mbiyèn, piyé carané berita utawa kabar disampèkké? (it-1-IN 1292 ¶6)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING PANGGONAN UMUM. (lmd Pelajaran 3 nomer 3)

5. Mupuk Minat

(4 men.) ING OMAH-OMAH. (lmd Pelajaran 2 nomer 5)

6. Njelaské Kepercayaané Njenengan

(5 men.) Ceramah. ijwfq 57 ¶5-15—Judhul: Ngapa Kok Seksi-Seksi Yéhuwah Dianiaya Pas Holocaust? (th Pelajaran 18)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 49

7. Kudu Siap Wektu Butuh Perawatan Mèdis utawa Operasi

(15 men.) Rembugan sing dipandhu pinituwa.

Organisasiné Yéhuwah wis mènèhi akèh persediaan bèn awaké dhéwé isa manut préntahé Yéhuwah soal getih. (Kis 15:​28, 29) Apa njenengan nggunakké persediaan kuwi?

Surat Kuasa Khusus Perawatan Kesehatan (kartu DPA) lan Kartu Identitas (ic): Kartu-kartu kuwi isiné pernyataan pasièn soal perawatan mèdis sing nganggo getih. Kartu DPA kuwi kanggo penginjil sing wis dibaptis lan Kartu Identitas kuwi kanggo anak-anaké sing isih cilik. Njaluké kartu kuwi ing hamba lèktur. Kartu kuwi kudu digawa terus. Nèk mèh ngisi utawa ngganti kartuné, aja nunda-nunda.

Informasi bagi Ibu Hamil (S-401) lan Informasi bagi Pasien yang Membutuhkan Operasi atau Kemoterapi (S-407): Dokumèn iki isiné keterangan-keterangan sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing apik soal perawatan mèdis, termasuk perawatan sing nganggo getih. Nèk njenengan lagi meteng, kudu dioperasi, utawa kémoterapi, njaluka dokumèn iki karo para pinituwa.

Panitia Penghubung Rumah Sakit (PPRS): Para sedulur ing PPRS wis dilatih bèn isa njelaské karo wong-wong ing bidang mèdis lan hukum soal kepercayaané Seksi-Seksi Yéhuwah soal getih. Meréka isa rembugan karo dokteré njenengan soal perawatan mèdis tanpa transfusi darah. Meréka ya isa nggolèkké dokter sing gelem ngekèki perawatan mèdis tanpa transfusi darah. Meréka selalu siap mbantu 24 jam, pitung dina seminggu. Nèk kudu dirawat ing rumah sakit, dioperasi, utawa terapi misalé kémoterapi, isa langsung menghubungi PPRS meskipun perawatané mungkin ora nganggo getih. Nèk butuh bantuan, ibu hamil ya isa menghubungi PPRS. Njenengan ya isa njaluk tulung pinituwa kanggo menghubungi PPRS.

Setèlen VIDÉO Carané Panitia Penghubung Rumah Sakit Mbantu Para Sedulur. Terus takona:

Piyé carané PPRS mbantu wektu njenengan butuh perawatan mèdis utawa kudu dioperasi?

8. Sinau Alkitab Jemaat

Penutup (3 men.) | Lagu 67 lan Donga