Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

22-28 Januari

AYUB 38-39

22-28 Januari

Lagu 11 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Apa Njenengan Nyisihké Wektu kanggo Nggatèkké Ciptaan?

(10 men.)

Sakwisé nyiptakké bumi, Yéhuwah nyisihké wektu kanggo ndelok hasil ciptaané (PD 1:​10, 12; Ayb 38:​5, 6; w21.08 9 ¶7)

Para malaékat nyisihké wektu kanggo nggatèkké ciptaané Yéhuwah (Ayb 38:7; w20.08 14 ¶2)

Nèk nyisihké wektu kanggo nggatèkké ciptaan, awaké dhéwé isa tambah percaya karo Yéhuwah (Ayb 38:​32-35; w23.03 17 ¶8)

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Ayb 38:​8-10—Saka ayat-ayat iki, apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah, Sing Mènèhi Hukum? (it-2-IN 344 ¶5-6)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(2 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Omong-omongané ora perlu dilanjutké merga sing ditemoni ora gelem dijak omong-omongan. Tapi kudu tetep sopan. (lmd Pelajaran 2 nomer 3)

5. Mupuk Minat

(5 men.) ING OMAH-OMAH. Pas ketemu sakdurungé, wongé crita nèk bar ditinggal mati keluarga utawa kancané. (lmd Pelajaran 9 nomer 3)

6. Ceramah

(5 men.) lmd Lampiran A nomer 1—Judhul: Peristiwa lan Sifaté Wong-Wong Saiki Sakjané Tandha Nèk Bakal Ana Keadaan sing Luwih Apik. (th Pelajaran 16)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 111

7. Nèk Nggatèkké Ciptaan, Dadi Ora Fokus karo Masalah

(15 men.) Rembugan.

Wektu dièlèk-èlèk telu kancané lan diuji Sétan, Ayub mung fokus karo masalah sing dialami.

Wacanen Ayub 37:14. Terus takona:

Ayub kudu piyé bèn tetep percaya karo Yéhuwah lan ora fokus karo masalahé?

Nèk lagi strès merga terus mikirké masalah, coba gatèkna ciptaané Yéhuwah. Hasilé, isa dadi éling nèk Yéhuwah kuwi kuwasané gedhé banget, dadi nduwé tékad kanggo terus setya, lan dadi tambah percaya nèk Yéhuwah sanggup nulungi awaké dhéwé.—Mat 6:26.

Setèlen VIDÉO Pelajaran saka Buku Ayub—Kéwan-Kéwan. Terus takona:

Bar ndelok vidéo kuwi, apa njenengan dadi tambah percaya karo Yéhuwah? Lha ngapa?

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 4 ¶13-20

Penutup (3 men.) | Lagu 54 lan Donga