Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

26 Februari–3 Maret

MAZMUR 11-15

26 Februari–3 Maret

Lagu 139 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Bayangna Njenengan Ana ing Donya Anyar sing Aman lan Damai

(10 men.)

Saiki ana akèh kejahatan merga wong-wong ora manut hukum lan aturan (Mzm 11:​2, 3; w06-IN 15/5 18 ¶3)

Yéhuwah janji nèk sedhéla manèh kejahatan bakal disingkirké (Mzm 11:5; wp16.4 11 ¶6-7)

Nèk mikirké janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé isa sabar ngentèni donya anyar (Mzm 13:​5, 6; w17.08 7 ¶15)

COBANEN: Wacanen Yèhèzkièl 34:​25, lan bayangna njenengan ana ing situasi sing disebutké ing ayat kuwi.—kr 236 ¶16.

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 14:1—Apa akibaté nèk terpengaruh sikapé wong-wong sing dijelaské ing ayat iki? (w13-IN 15/9 19 ¶12)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(2 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Undangen wongé teka ing acara Peringatan. (lmd Pelajaran 5 nomer 3)

5. Mulai Omong-omongan

(1 men.) ING OMAH-OMAH. Undangen wongé teka ing acara Peringatan. (lmd Pelajaran 3 nomer 4)

6. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING OMAH-OMAH. Wongé gelem nampa undangan Peringatan lan kétok berminat. (lmd Pelajaran 7 nomer 4)

7. Ndadèkké Murid

(5 men.) lff Pelajaran 13 bagéan ”Kesimpulan”, ”Jawaben”, lan ”Rencana”. Gunakna artikel ing bagéan ”Bahan Tambahan” kanggo njelaské piyé perasaané Gusti Allah soal agama palsu. (th Pelajaran 12)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 8

8. ”Kawicaksanan Luwih Apik Timbang Senjata Perang”

(10 men.) Rembugan.

Saiki kejahatan tambah akèh. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé isa waé ngrasa kuwatir banget merga tau ndelok utawa dadi korban kejahatan. Yéhuwah ya ngerti nèk awaké dhéwé butuh perlindungan. Mulané, Yéhuwah ngekèki naséhat ing Alkitab kanggo nglindhungi awaké dhéwé.—Mzm 12:​5-7.

Naséhat ing Alkitab kuwi ”luwih apik timbang senjata perang”. (Pkh 9:18) Pikirna ngapa kok nèk ngetrapké naséhat-naséhat iki, awaké dhéwé isa aman lan ora dadi korban kejahatan.

  • Pkh 4:​9, 10—Aja dhèwèkan ing panggonan sing ora aman

  • WB 22:3—Terus waspada karo keadaan sekitar pas ing panggonan umum

  • WB 26:17—Nèk ana wong sing padu, ora sah mèlu-mèlu

  • WB 17:14—Nèk situasiné ora aman lan kétoké berbahaya, lungaa saka kono. Nèk ana wong-wong sing ngumpul arep démo, lungaa saka kono

  • Luk 12:15—Aja nékad nganti toh nyawa mung kanggo nglindhungi harta

Setèlen VIDÉO Niru Wong sing Nduwé Iman, Dudu sing Ora Nduwé Iman—Hénokh, Dudu Lamèkh. Terus takona:

Merga ngrenungké contoné Hénokh, akhiré apa keputusané sedulur kuwi soal nglindhungi keluargané saka wong jahat?—Ibr 11:5

Kadhang ing situasi tertentu, awaké dhéwé kudu nglindhungi diri utawa barangé awaké dhéwé. Tapi, kudu ngupaya tenanan bèn aja nganti matèni wong liya.—Mzm 51:14; deloken ”Pitakonané Sing Maca” ing Warta Penting Juli 2017.

9. Nawakké Undangan Peringatan Mulai Setu, 2 Maret

(5 men.) Ceramah sing disampèkké pinituwa. Sebutna apa waé petunjuk saka para pinituwa kanggo nawakké undangan, ceramah istiméwa, lan acara Peringatan. Élingna nèk para penginjil isa merintis ékstra 15 jam selama sasi Maret lan April.

10. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 6 ¶9-17

Penutup (3 men.) | Lagu 40 lan Donga