Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Piyé Njenengan Isa Marakké Keluargané Njenengan Bahagia?

Piyé Njenengan Isa Marakké Keluargané Njenengan Bahagia?

Yéhuwah péngin bèn keluarga bahagia. (Mzm 127:3-5; Pkh 9:9; 11:9) Tapi merga keadaan donya saiki, lan anggota keluarga ya isa nggawé salah, keluarga isa ora bahagia. Piyé bèn saben anggota keluarga isa marakké keluargané bahagia?

Wong lanang kudu ngajèni bojoné. (1Ptr 3:7) Kudu nduwé wektu karo bojoné, ora seneng nuntut, lan nduduhké nèk maturnuwun karo bojoné sing wis kerja keras kanggo dhèwèké lan keluarga. (Kol 3:15) Terus, kudu mbuktèkké rasa sayangé lan seneng muji bojoné.​—WB 31:28, 31.

Wong wédok kudu berupaya bèn isa terus ndhukung bojoné. (WB 31:12) Dhèwèké manut lan gelem kerjasama. (Kol 3:18) Nèk ngomong karo bojoné ya sing alus. Terus pas karo wong liya, ora ngèlèk-èlèk bojoné.​—WB 31:26.

Wong tuwa kudu ana akèh wektu kanggo anaké. (PT 6:6, 7) Ngomong nèk sayang karo anaké. (Mat 3:17) Pas ngandhani aja kasar. Kudu pangertèn lan nduduhké rasa sayang.—Éf 6:4.

Anak-anak kudu ngajèni lan manut wong tuwané. (WB 23:22) Kudu seneng crita karo wong tuwané soal perasaané. Nèk dikandhani kudu manut lan terus ngajèni.​—WB 19:20.

DELOKEN VIDÉO CARANÉ BÈN KELUARGA LUWIH BUNGAH, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

Ing vidéo kuwi, saben anggota keluarga padha piyé bèn keluargané bahagia?