Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Apa Rencanané Njenengan kanggo Taun Dinas sing Anyar?

Apa Rencanané Njenengan kanggo Taun Dinas sing Anyar?

Nduwé rencana kanggo kegiatan rohani kuwi maksudé nduwé tujuan sing péngin dicapai bèn isa nglayani Yéhuwah luwih tenanan lan nggawé Yéhuwah seneng. Mémang kuwi butuh pengorbanan, tapi ora bakal sia-sia. Nèk nduwé rencana kuwi, awaké dhéwé isa dadi wong Kristen sing luwih apik. (1Tim 4:15) Merga keadaan berubah, isa waé rencana sing sakdurungé wis digawé saiki kudu diubah. Utawa mungkin kuwi wis tercapai lan saiki isa nggawé rencana liyané.

Wektu sing paling cocog kanggo mikirké kuwi ya sakdurungé taun dinas sing anyar dimulai. Pas ibadah keluarga, njenengan isa ngrembug soal rencanané njenengan dhéwé lan rencanané sak keluarga.

Apa rencanané njenengan kanggo hal-hal iki, lan apa sing isa njenengan upayakké kanggo mencapai kuwi?

Maca Alkitab, sinau Alkitab pribadi, teka ing pertemuan ibadah, mèlu njawab ing pertemuan ibadah.​—w02-IN 15/6 15 ¶14-15

Kegiatan nginjil.​—w23.05 27 ¶4-5

Sipat-sipat sing apik.​—w22.04 23 ¶5-6

Liyané: