Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Niru Yéhuwah, Nduduhké Katresnan sing Langgeng

Niru Yéhuwah, Nduduhké Katresnan sing Langgeng

Yéhuwah dadi conto soal nduduhké katresnan sing langgeng. (Mzm 103:11, cathetan ngisor) Iki dudu rasa sayang sing cepet ilang. Tapi, rasa sayang iki diduduhké merga nduwé ikatan sing kuwat. Yéhuwah nduwé katresnan sing langgeng karo wong Israèl. Kuwi diduduhké nganggo akèh cara. Dhèwèké mbébaské saka Mesir lan nggawa meréka ing Tanah Perjanjian. (Mzm 105:42-44) Dhèwèké ngalahké mungsuhé umaté lan bola-bali ngapura dosané umaté. (Mzm 107:19, 20) Nèk ”mikirké tenanan katresnan sing langgeng saka Yéhuwah”, awaké dhéwé isa niru Dhèwèké.​—Mzm 107:43, cathetan ngisor.

DELOKEN VIDÉO GATÈKNA TENANAN CARANÉ YÉHUWAH NDUDUHKÉ KATRESNAN SING LANGGENG, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Apa waé carané nduduhké katresnan sing langgeng?

  • Ngapa kok kudu berkorban bèn isa nduduhké katresnan sing langgeng?