Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

1-7 April

MAZMUR 23-25

1-7 April

Lagu 4 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. ”Yéhuwah Kuwi Gembalaku”

(10 men.)

Yéhuwah nuntun domba-dombané (Mzm 23:​1-3; w11-IN 1/5 31 ¶3)

Yéhuwah nglindhungi domba-dombané (Mzm 23:4; w11-IN 1/5 31 ¶4)

Yéhuwah nyedhiakké panganan kanggo domba-dombané (Mzm 23:5; w11-IN 1/5 31 ¶5)

Yéhuwah perduli karo para abdiné kaya gembala sing perduli karo domba-dombané.

PIKIRNA: ’Apa buktiné nèk selama iki Yéhuwah perduli karo aku?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 23:3—”Dalan sing bener” kuwi apa? Bèn isa terus mlaku ing dalan kuwi, kudu piyé? (w11-IN 15/2 24 ¶1-3)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Wong sing dijak ngomong sambat soal keadaan lingkungan saiki. Kandhanana ayat Alkitab sing isa nyemangati. (lmd Pelajaran 2 nomer 5)

5. Mupuk Minat

(4 men.) ING OMAH-OMAH. Wong sing wis dikèki brosur Bahagia Saklawasé diajari carané sinau Alkitab nganggo brosur kuwi. (lmd Pelajaran 9 nomer 3)

6. Ndadèkké Murid

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 54

7. Aja Ngrungokké Swarané Wong sing Ora Dikenal

(15 men.) Rembugan.

Domba selalu ngetutké gembalané lan kenal swarané. Tapi nèk wong sing ora dikenal nyeluk-nyeluk, domba kuwi ora bakal ngrungokké, terus mlayu. (Yoh 10:5) Kaya domba, awaké dhéwé ya ngrungokké swarané Gembalané awaké dhéwé, Yéhuwah karo Yésus. (Mzm 23:1; Yoh 10:11) Awaké dhéwé ora gelem ngrungokké wong sing ora dikenal sing ngomongké ”kata-kata sing ora bener” bèn awaké dhéwé ora percaya karo Yéhuwah.—2Ptr 2:​1, 3.

Menurut Purwaning Dumadi Bab 3, sing pertama kali ngomongké kata-kata sing ora bener kuwi Sétan. Dhèwèké ngomong karo Hawa liwat ula bèn Hawa ora ngerti nèk sakjané sing ngomong kuwi Sétan. Sétan éthok-éthok dadi kancané Hawa. Dhèwèké ngomong nèk Yéhuwah ngapusi lan nduwé niat èlèk kanggo manungsa. Sayangé, Hawa percaya karo omongané Sétan lan akibaté Hawa karo keluargané dadi susah.

Nganti saiki, Sétan terus nyebarké keterangan sing ngèlèk-èlèk Yéhuwah lan organisasiné. Dhèwèké ya nyebarké fitnah lan keterangan sing kétoké bener tapi nyesatké. Tujuané bèn awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Awaké dhéwé kudu langsung mlayu nèk krungu swarané wong sing ora dikenal. Nèk ngrungokké kata-kata sing ora bener meskipun mung sithik merga péngin ngerti, kuwi bahaya. Élinga, mbiyèn Sétan ngapusi Hawa nganggo kata-kata sing singkat tapi Hawa kapusan. (PD 3:​1, 4, 5) Tapi, nèk sing péngin ngekèki keterangan sing ngèlèk-èlèk organisasiné Yéhuwah kuwi wong sing dikenal lan kétoké nduwé niat sing apik, terus piyé?

Setèlen VIDÉO Ora Ngrungokké Swarané ”Wong sing Ora Dikenal”. Terus takona:

Apa sing njenengan pelajari saka tanggepané Sari pas ibuné sing ora seiman péngin ngekèki artikel sing ngèlèk-èlèk organisasiné Yéhuwah?

8. Sinau Alkitab Jemaat

Penutup (3 men.) | Lagu 55 lan Donga