Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

29 April–5 Mei

MAZMUR 34-35

29 April–5 Mei

Lagu 10 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. ”Terus Muji Yéhuwah”

(10 men.)

Daud terus muji Yéhuwah bahkan pas lagi susah (Mzm 34:1; w07-IN 1/3 22 ¶11)

Daud muji Yéhuwah, dudu dhèwèké dhéwé (Mzm 34:​2-4; w07-IN 1/3 22 ¶13)

Kata-katané Daud wektu muji Yéhuwah nguwatké liyané (Mzm 34:5; w07-IN 1/3 23 ¶15)

Sakwisé melarikan diri saka Abimèlèkh, Daud lunga ing padhang belantara. Terus dhèwèké diparani 400 wong lanang sing uripé sengsara merga dipréntah Raja Saul. (1Sam 22:​1, 2) Mungkin Daud mikirké wong-wong kuwi pas nulis Mazmur 34.—Mzm 34, superskripsi.

PIKIRNA: ’Piyé aku isa muji Yéhuwah pas ngobrol karo wong-wong sing teka ing pertemuan ibadah berikuté?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 35:11—Piyé ramalan ing ayat kuwi kelakon pas jamané Yésus? (w11-IN 15/8 14 ¶9)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(2 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Durung sempet mènèhi kesaksian tapi omong-omongané ora isa dilanjutké. (lmd Pelajaran 1 nomer 4)

5. Mupuk Minat

(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. (lmd Pelajaran 2 nomer 4)

6. Njelaské Kepercayaané Njenengan

(5 men.) Adegan. ijwfq 59—Judhul: Apa sing Dipikirké Seksi-Seksi Yéhuwah Sakdurungé Ngrayakké Hari Raya Tertentu? (th Pelajaran 17)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 59

7. Carané Muji Yéhuwah ing Pertemuan Ibadah

(15 men.) Rembugan.

Ing pertemuan ibadah, ana akèh kesempatan kanggo muji Yéhuwah. Ayo ngrembug telu carané.

Ngobrol: Pas ngobrol, critakna soal berkah saka Yéhuwah lan bukti nèk Yéhuwah kuwi apikan banget. (Mzm 145:​1, 7; Yak 1:17) Njenengan isa nyritakké hal menarik saka ayat, artikel, utawa vidéo sing bermanfaat kanggo njenengan. Terus ya isa nyritakké pengalaman nginjil, ciptaan sing berkesan kanggo njenengan, lan kata-kata utawa perbuatané wong liya sing marakké njenengan dikuwatké. Bèn isa crita kaya ngono, coba teka luwih awal.

Njawab: Ing pertemuan ibadah, coba njawab paling ora ping pisan. (Mzm 26:12) Isa njawab langsung pertanyaan sing dirembug. Terus ya isa njelaské pelajaran liyané saka sing dirembug utawa njelaské ayat, gambar, lan carané mraktèkké. Siapna beberapa jawaban soalé mungkin ora selalu ditunjuk. Nèk njawabé 30 detik utawa kurang, luwih akèh sedulur isa mèlu ”mènèhké korban pujian marang Gusti Allah”.—Ibr 13:15.

Nyanyi: Kudu semangat pas nyanyi ing pertemuan ibadah. (Mzm 147:1) Ing jemaat sing gedhé, isa waé njenengan ora selalu ditunjuk pas ngacung. Tapi njenengan selalu isa mèlu nyanyi. Meskipun ngrasa swarané ora apik, nèk njenengan nyanyiné semangat, Yéhuwah mesthi seneng. (2Kor 8:12) Njenengan ya isa latihan nyanyi sik ing omah.

Setèlen VIDÉO Organisasi Terus Maju Kèt Mbiyèn Nganti Saiki—Lagu Kuwi Anugrah, Bagéan 1. Terus takona:

Kèt mbiyèn nganti saiki, apa buktiné nèk nyanyi muji Yéhuwah kuwi penting banget kanggo umaté Yéhuwah?

8. Sinau Alkitab Jemaat

Penutup (3 men.) | Lagu Anyar kanggo Pertemuan Gabungan Wilayah 2024 lan Donga