Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

4-10 Maret

MAZMUR 16-17

4-10 Maret

Lagu 111 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. ”Yéhuwah, Kabèh sing Apik ing Uripku Asalé saka Njenengan”

(10 men.)

Awaké dhéwé ngrasa bahagia merga nduwé kanca sing padha-padha nglayani Yéhuwah (Mzm 16:​2, 3; w18.12 23 ¶11)

Awaké dhéwé ngrasa puas merga nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah (Mzm 16:​5, 6; w14-IN 15/2 29 ¶4)

Awaké dhéwé ngrasa aman merga dibantu Yéhuwah bèn tetep setya lan isa nolak godhaan (Mzm 16:​8, 9; w08-IN 15/2 3 ¶2-3)

Kaya Daud, awaké dhéwé ngrasa bahagia merga ngutamakké nglayani Yéhuwah, Sumberé kabèh sing apik.

PIKIRNA: ’Apa buktiné nèk uripku saiki luwih bahagia timbang sakdurungé nglayani Yéhuwah?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 17:8—Apa maksudé Yéhuwah njaga umaté kaya njaga ”mripaté”? (it-2-IN 41 ¶9)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(1 men.) ING OMAH-OMAH. Tawakna undangan Peringatan. (th Pelajaran 11)

5. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING OMAH-OMAH. Tawakna undangan Peringatan. Wongé berminat. Terus, duduhna lan rembugen vidéo Memperingati Kematiané Yésus. (th Pelajaran 9)

6. Mulai Omong-omongan

(2 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Tawakna undangan Peringatan. (th Pelajaran 2)

7. Ndadèkké Murid

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 20

8. Piyé Bèn Isa Siap kanggo Acara Peringatan?

(15 men.) Rembugan.

Merga manut préntahé Yésus, awaké dhéwé bakal memperingati kematiané dina Minggu tanggal 24 Maret. Kuwi kesempatan kanggo ngrenungké bukti rasa sayangé Yéhuwah lan Yésus kanggo awaké dhéwé. (Luk 22:19; Yoh 3:16; 15:13) Piyé bèn isa siap kanggo acara istiméwa kuwi?

  • Kudu semangat ngundang wong-wong kanggo teka ing ceramah istiméwa lan acara Peringatan. Gawéa daftar sapa waé sing arep diundang. Nèk sing arep diundang kuwi ana ing dhaérah liya, golèka informasi ing jw.org soal wektu lan panggonan acara peringatan ing dhaérah kuwi

  • Selama sasi Maret lan April, coba luwih kerep nginjil. Apa njenengan isa merintis ékstra 15 utawa 30 jam?

  • Mulai tanggal 18 Maret, wacanen peristiwa-peristiwa penting selama minggu-minggu terakhir uripé Yésus ing bumi. Njenengan isa milih sepira akèhé sing arep diwaca saka ”Jadwal Maca Ayat kanggo Acara Peringatan 2024” ing halaman 6-7

  • Pas dina acara Peringatan, tontonen vidéo Ibadah Ésuk khusus ing jw.org

  • Pas acara Peringatan, kudu ramah lan nyambut tamu undangan sing teka, termasuk sedulur-sedulur sing ora aktif. Kudu siap njawab nèk ana sing takon-takon sakwisé acara kuwi. Gawéa rencana kanggo ngunjungi meréka

  • Sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan, renungna soal tebusan

Setèlen VIDÉO Memperingati Kematiané Yésus. Terus takona:

Pas nawakké undangan, piyé carané bèn isa nyetèlké vidéo kuwi?

9. Sinau Alkitab Jemaat

Penutup (3 men.) | Lagu 73 lan Donga