URIPÉ WONG KRISTEN
Ngati-ati karo Wong Murtad
Sétan karo para pengikuté kerep nyebarké keterangan sing kétoké bener padahal kuwi nyesatké. Tujuané, bèn awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah. (2Kor 11:3) Mbiyèn, wong Asiria ngomongké keterangan sing ora bener kanggo medèn-medèni umaté Yéhuwah. (2Bb 32:10-15) Saiki, wong murtad ya seneng nyebarké keterangan sing ora bener. Awaké dhéwé kudu nganggep ajarané wong murtad kuwi kaya racun. Aja maca, nanggepi, utawa nyritak-nyritakké ajarané wong murtad. Kudu waspada lan langsung nolak informasi sing marakké awaké dhéwé dadi ragu utawa ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné.—Yud 3, 4.
DELOKEN VIDÉO ”NGUPAYA TENANAN MBÉLA IMAN”—CUPLIKAN, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:
-
Ngapa kok kudu ngati-ati karo grup-grup chat ing internèt?
-
Piyé carané ngetrapké naséhat ing Roma 16:17?