Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Apa Njenengan Ngrungokké Rekaman Audio Alkitab?

Apa Njenengan Ngrungokké Rekaman Audio Alkitab?

Ing jw.org lan ing aplikasi JW Library®, ana rekaman audio pembacaan Alkitab Terjemahan Donya Anyar. Rekaman iki dirilis bertahap ing akèh basa. Ing rekaman pembacaan iki, kata-katané diwaca nganggo penandasan lan perasaan sing cocog bèn isa nyampèkké gagasan sing sesuai karo isiné Alkitab.

Apa waé manfaaté ngrungokké rekaman audio Alkitab? Akèh sing ngrasa dadi luwih menikmati pembacaan Alkitab wektu ngrungokké rekaman audio Alkitab. Pas ngrungokké swarané tokoh-tokoh Alkitab, meréka dadi isa mbayangké peristiwa ing Alkitab lan dadi luwih paham karo isiné Alkitab. (WB 4:5) Malah, nèk pas lagi kuwatir, akèh sing dadi ngrasa luwih tenang merga ngrungokké rekaman audio Alkitab.​—Mzm 94:19.

Ana akèh banget manfaat nèk gelem ngrungokké pembacaan Alkitab, omongané Gusti Allah. (2Bb 34:19-21) Mulané, nèk rekaman audio Alkitab wis ana sebagian utawa lengkap ing basa sing njenengan pahami, mesthiné njenengan bakal teratur ngrungokké kuwi, ta?

DELOKEN VIDÉO NGGAWÉ REKAMAN AUDIO ALKITAB—CUPLIKAN, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

Saka vidéo mau, bagéan endi sing njenengan senengi?