Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Krisis Ékonomi?

Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Krisis Ékonomi?

Akèh peristiwa saiki marakké perékonomian sak donya dadi ora stabil. Tapi awaké dhéwé ora perlu héran soalé saiki mémang wis bagéan paling akhir saka akhir jaman. Ing Alkitab ya wis disebutké bèn aja ngendelké ’harta sing isa ilang’. (1Tim 6:17; 2Tim 3:1) Bèn isa siap ngadhepi krisis ékonomi, apa sing isa dipelajari saka contoné Raja Yéhosyafat?

Pas diancam mungsuh, Yéhosyafat ngendelké Yéhuwah. (2Bb 20:9-12) Dhèwèké ya wis siap-siap sik sakdurungé. Dhèwèké mbangun bèntèng lan pos-pos pasukan kanggo njaga kutha. (2Bb 17:1, 2, 12, 13) Kaya Yéhosyafat, awaké dhéwé kudu ngendelké Yéhuwah lan siap-siap sik sakdurungé ngalami kesusahan.

DELOKEN VIDÉO PIYÉ BÈN ISA SIAP WEKTU ANA BENCANA?, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Apa sing isa disiapké saben wong sakdurungé ana bencana?

  • Bèn isa siap mbantu liyané pas ana bencana, njenengan kudu piyé?