Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

6-12 Mei

MAZMUR 36-37

6-12 Mei

Lagu 87 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. ”Aja Jèngkèl Merga Wong Jahat”

(10 men.)

Wong jahat marakké awaké dhéwé ngrasa susah lan kuwatir (Mzm 36:​1-4; w17.04 11 ¶4)

Nèk terus-terusan jèngkèl karo wong jahat, awaké dhéwé sing rugi (Mzm 37:​1, 7, 8; w22.06 10 ¶10)

Nèk percaya janjiné Yéhuwah, isa ngrasa ayem (Mzm 37:​10, 11; w03-IN 1/12 13 ¶20)

PIKIRNA: ’Apa aku terlalu kerep ndelok berita soal kejahatan?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 36:6—Kira-kira, apa maksudé sing nulis mazmur iki wektu ngomong nèk keadilané Yéhuwah kaya ”gunung-gunung sing gedhé banget [utawa, ”gunung sing digawé Gusti Allah”, cathetan ngisor]”? (it-1-IN 830 ¶1)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING OMAH-OMAH. (lmd Pelajaran 1 nomer 5)

5. Mupuk Minat

(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Tawakna pelajaran Alkitab karo wong sing mbiyèn ora gelem sinau Alkitab. (lmd Pelajaran 9 nomer 4)

6. Ceramah

(5 men.) ijwbv 45—Judhul: Apa Artiné Kata-Kata ing Mazmur 37:4? (th Pelajaran 13)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 33

7. Apa Njenengan Siap Wektu Ana Bencana?

(15 men.) Rembugan.

Merga bencana alam utawa masalah sing disebabké manungsa, ana akèh sedulur seiman sak donya sing omahé hancur, hartané entèk, lan keluargané mati. (Mzm 9:​9, 10) Awaké dhéwé isa kena bencana kapan waé, dadi kudu siap-siap.

Sakliyané nyiapké barang-barang sing dibutuhké, a awaké dhéwé kudu piyé?

  • Kudu siap méntal: Kudu nampa kenyataan nèk isa waé kena bencana, lan pikirna kudu piyé nèk ana bencana. Aja terlalu mikirké harta. Dadi pas ana bencana, sing dipikirké kuwi dudu harta, tapi piyé bèn tetep aman lan carané nulungi wong liya. (PD 19:16; Mzm 36:9) Nèk siap méntal, njenengan isa luwih siap nampa kenyataan lan ora bakal terlalu strès nèk hartané entèk merga kena bencana.—Mzm 37:19

  • Berupaya bèn nduwé iman sing luwih kuwat: Kudu yakin nèk Yéhuwah sanggup lan péngin nulungi awaké dhéwé. (Mzm 37:18) Kèt saiki, kudu selalu éling nèk Yéhuwah mesthi bakal ndhukung lan mbantu meskipun awaké dhéwé wis ora nduwé apa-apa manèh merga kena bencana.—Mzm 37:​23, 24; Yér 45:5

Nèk awaké dhéwé yakin Yéhuwah mesthi nepati janjiné, Yéhuwah bakal dadi ’bèntèng pas ana kesusahan’.—Mzm 37:39.

Setèlen VIDÉO Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Bencana? Terus takona:

  • Piyé carané Yéhuwah mbantu pas ana bencana?

  • Apa waé sing isa disiapké kèt saiki?

  • Piyé carané mbantu wong liya sing kena bencana?

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 9 ¶8-16

Penutup (3 men.) | Lagu 57 lan Donga